A
Andhang-andhang tetese embun
Tegese : Njagakake barang mung sak oleh-olehe
Adigang, adigung, adiguna
Tegese : Ngendelake kakuwatane, kaluhuran, lan kapinterane
Aji godhong garing
Tegese : wis ora ana ajine/asor banget
Ana daulate ora ana begjane
Tegese : Arep nemu kabegjan, ning ora sido
Ana gula ana semut
Tegese : Panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing
nekani
Anak polah bapak kepradah
Tegese : Tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa
Asu belang kalung wang
Tegese : Wong asor nanging sugih
Asu marani gebuk
Tegese : Njarag marani bebaya
Ati bengkong oleh oncong
Tegese : wong duwe niyat ala oleh dalan
B
Baladewa ilang gapite
Tegese : ilang kakuwatane/kaluhurane
Banyu pinerang ora bakal pedhot
Tegese : Pasulyane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
C
Cincing-cincing meksa klebus
Tegese : Karepe ngirit nanging malah entek akeh
Criwis-cawis
Tegese : Seneng maido nanging ya seneng menehi/muruki
D
Dadiya banyu emoh nyawuk, dadiya godhong emoh nyuwek
Tegese : Wis ora gelem nyanak, sapa aruh
Durung pupak lempuyange
Tegese : Wong kang dianggep bocah cilik durung ngerti
apa-apa
Desa mawa cara, negara mawa tata
Tegese : Saben panggonan duwe cara utawa adat dhewe-dhewe
E
Esok dhele sore tempe
Tegese : Wong kang ora tetep atine (mencla mencle)
Entek jarake
Tegese : Wis entek kasugihane
Tidak ada komentar:
Posting Komentar